1Saben umat manungsa lair kanthi hak-hak kang podho lan pinasthi lan kanthi kabebasan-kabebasan ing bakuning angger-angger (wewaton = undang-undang). Perserikatan Bangsa-Bangsa darbe komitmen (tekad nglaksanakake maujude janji lan kasaguhane) kanggo junjung luhur, nggrengsengake lan ngayomi hak-hak asasi umat manungsa marang saben pribadi (individu). Komitmen kasebut ingayatan saka Piagam Perserikatan Bangsa-Bangsa kang nukulake kamantepaning kayakinan para bangsa sa-donya tumrap hak-hak asasi umat manungsa ing bakuning paugeran sarta tumrap martabat lan ajining kamanungsan. Ing Pranyatan Umum ngenani Hak-Hak (umat) Manungsa, Perserikatan Bangsa-Bangsa nandhesake kanthi terwoco lan prasoja, hak-hak kang dadi darbeke saben uwong kanthi adil. Hak-hak kasebut, nyata dadi darbekmu kabeh. Kabeh mau, iyo hakmu. Kenali lan pahamana hak-hak kasebut. Supaya kasengkuyung mbiwarakake lan nglestarekake kanggo paugeran dhiri pribadhi sarto kanggo sapepadhane umat manungsa liyane.
2
3
4   PRANYATAN UMUM NGENANI HAK-HAK ASASI (UMAT) MANUNGSA
5
6
7   PAMBUKA / MUKADIMAH
8
9MANIMBANG manowo ngakoni marang martabat alamiah sarta hak-hak kang padha lan pinasthi ing saben warganing kulawarga umat manungsa, mujudake landhesaning kamardikan, kaadilan sarta bedhamening donya.
10
11MANIMBANG menawa nyingkur lan nganggep remeh hak-hak umat manungsa bisa njalari tandang tanduk kasar lan wengis kang nuwuhake rasa runtik atine umat manungsa, lan kabangune donya dadi papaning umat manungsa bisa ngrasakake lan ngalami nikmating bebas medhar panemu lan bebas ngrasuk agama sarta kalis saka rasa wedi lan was-sumelang sarta urip kacingkrangan, kapratelakake dadi pranyatan minangka dadi gegayuhan luhur sakabehing umat manungsa lumrah (kawula alit).
12
13MANIMBANG manawa hak-hak umat manungsa perlu antuk pangayoman kanthi pranatan lan tatanan angger-angger (undang-undang), amrih saben uwong ora kepeksa milih nglawan (mbrontak) minangka kupiyo kang pungkasan anggone ngrekodaya kanggo nglawan marang tindak daksiya lan panjajahan.
14
15MANIMBANG manawa mekaring pamerdi panggulowenthahing sambung pamitran ing antaraning para bangsa saben negara perlu lan wigati dirembakakake.
16
17MANIMBANG manawa para bangsa ing Perserikatan Bangsa-Bangsa, ing sajroning Piagam Perserikatan Bangsa-Bangsa, wus padha mratelakake kanthi tandhes anggone ngugemi marang hak-hak kang baku umat manungsa, marang martabat lan ajining pribadine umat, lan marang hak-hak priya lan wanita kang sadrajat lan padha, sarta wus gawe putusan bakal nyengkuyung majuning sosial sarta ajining urip amrih saya luwih becik, kanthi kamardikan kang omber lan jembar tebane.
18
19MANIMBANG menawa Negara-Negara Anggota wus ikrar lan prajanji bakal nggayuh kang saya maju anggone ngajeni lan ngurmati ajining umum marang hak-hak asasi umat manungsa sarta rasa bebas kang asasi (kanthi paugeran) ing ujuding sambung makarya klawan Perserikatan Bangsa-Bangsa.
20
21MANIMBANG manawa kanthi manunggaling pangerten ngenani hak-hak lan tumindak kanthi bebas kasebut, perlu banget, kanggo ngleksanani janji kanthi temen, mulo,
22
23MAJELIS UMUM
24
25mbiwarakake
26
27PRANYATAN UMUM NGENANI HAK-HAK ASASI (UMAT) MANUNGSA
28
29minangka sawijining paugeran umum kanggo kasiling gegayuhan saben bangsa lan saben negara, dene kang katuju supaya saben uwong lan saben bebadan ing satengahing bebrayan (masyarakat), kanthi tansah eling lan ngugemi Pranyatan iki, tansah mersudi ngadani panggulowentah supaya rasa ngajeni lan ngurmati hak-hak sarta urip bebas kasebut saya mekar ngrembaka. Sarta kanthi reka daya progresip kang asipat nasional lan internasional, bisa nanggung wujuding kasaguhan ngakoni lan anggone asung pakurmatan kanthi universal lan efektif, iya saka bangsa-bangsa ing Nagara-Nagara Anggota, kalebu bangsa-bangsa ing laladan kang kabawah panguwasaning angger-anggere (wewaton = undang-undang).
30
31
32
33BAB : 1
34Saben uwong kalairake kanthi mardika lan darbe martabat lan hak-hak kang padha. Kabeh pinaringan akal lan kalbu sarta kaajab pasrawungan anggone memitran siji lan sijine kanthi jiwo sumadulur.
35
36
37
38BAB : 2
39Saben uwong darbe hak tumrap hak lan kebebasan-kebebasan kang tinulis ing Pranyatan Umum iki tanpa pilih kasih, kabeh warata lan adil ing samubarang, kayata: beda bedaning ras, warnaning awak (walulang), beda-bedaning lanang lan wadon, basa, agama, politik lan panemu liyane, asal usul suku bangsa lan bebrayan, hak darbe, tatalair lan kalungguhan liyane.
40
41Sakbanjure,ora bakal ana prabedane tumrap kalungguhan politik, angger-angger (undang-undang) utowa kalungguhan internasional saka negara utowa laladan asal usuling sawijinging uwong, sanadyan saka negara mardika, laladan-laladan ing panguwasaning wali, jajahan utawa kang winengku ing kawasaning liyan.
42
43
44
45BAB : 3
46Saben uwong nduweni hak ingatasing uripe, bebasing uripe lan kaslametane minongko pribadi (individu).
47
48
49
50BAB : 4
51Ora keno sawijining uwong didadekake budhak utawa batur, maujuding budhak lan batur tukon kanthi ujud apa wae dadi larangan.
52
53
54
55BAB : 5
56Ora kena sawijining uwong disiyo-siyo ing siksa, utawa nandhang tindak kejem, dipatrapi utawa nampa pidono kang ora kaya lumrahing umat manungsa utowo siningkur karemehake.
57
58
59
60BAB : 6
61Saben uwong darbe hak tumrap paseksi ing sajroning angger-angger (undang-undang) minongka umat manungsa sacara pribadi ing endi wae papan dununge.
62
63
64
65BAB : 7
66Ngadepi hukum, kabeh duwe hak padha lan darbe hak oleh pengayoman angger-angger sing padha, tanpo dibedak-bedakake. Kabeh duwe hak ingayoman sing padha marang tumindak mbedak-mbedakake (diskriminasi) kang ora cundhuk (cocok) karo Pranyatan iki, lan marang sawernaning pamilut (ngojok-ojoki) sing tumuju marang tumindak diskriminasi kasebut.
67
68
69
70BAB : 8
71Saben uwong nduweni hak kapulihake kanthi trep saka sesambungane kapatrapan pengadilan nasional tumrap tidak-tanduk kang nalisir saka hak-hak baku kang dening angger-angger (undang-undang) kapasrahake dadi hake.
72
73
74
75BAB : 9
76Ora ana siji wae uwong kang kena ditangkep, ditahan utawa kasingkirake kanthi sawenang-wenang.
77
78
79
80BAB : 10
81Saben uwong, kanthi nduweni drajad padha ing satemene, darbe hak tumrap pangadilan kang adil lan tinarbuka dening pangadilan kanthi bebas lan ora bot-sih, ing babagan netepake hak lan kuwajiban-kuwajiban sarta ing sajroning nampa saben ancaman pidana kang ditetepake marang saben uwong.
82
83
84
85BAB : 11
86
87
88            1. Saben uwong kang dinakwa amargo dianggep nidakake laku nalisir saka undang-undang, dianggep durung nyandhang kaluputan sadurunge undang-undang mbuktekake kaluputane ing pangadilan kang tinarbuka, ing bab iki saben uwong oleh jaminan kang diperlokake kanggo mbelani hake.
89
90
91
92            2. Ora ana uwong siji wae kang kena dianggep luput nindakake nglanggar undang-undang utowo tledhor, kang ora mujudake tindak nalisir saka undang-undang nasional utowo internasional, ing titi mangsa tumindak mau linakonan. Ugo ora prayoga nemtokake paukuman kang luwih abod katimbang paukuman kang katetepake nalika tindak nglanggar undang-undang iku linakonan.
93
94
95
96
97BAB : 12
98Ora ana uwong siji wae kang kena diregoni hak pribadine, kulowargane, bale wismane utowa sesambungane nampa lan ngirim layang kanthi sawenang-wenang; uga marang hak pakurmatan lan ajining diri. Saben uwong ndarbeni hak kaayoman dining undang-undang awit saka anane gangguan utowo tindak nalisir mangkono iku.
99
100
101
102BAB : 13
103
104
105            1. Saben uwong darbe hak tumrap bebasing tumindak utawa ora nindakake apa-apa ing sajroning laladan wewengkoning negara.
106
107
108
109            2. Saben uwong darbe hak ninggalake sadhengah negara, kalebu negarane dhewe, lan darbe hak bali maneh menyang negarane.
110
111
112
113
114BAB : 14
115
116
117            1. Saben uwong darbe hak ngupaya pangayoman marang negara liya kanggo pangayoman amarga anggone dadi buron.
118
119
120
121            2. Hak kasebut ora kena kaetrapake manawa anggone dadi buron iku nyata kang dadi sababe awit tumindak kadursilan kang ora gegandhengan karo politik, utowo karana tumindak kang nalisir karo tujuan sing baku saka Perserikatan Bangsa-Bangsa.
122
123
124
125
126BAB : 15
127
128
129            1. Saben uwong darbe hak dadi warga negara.
130
131
132
133            2. Ora ana uwong siji wae kang kanthi tanpa landhesan tatanan banjur kabatalake anggone dadi warga negara utowo ditampik hake kanggo salin dadi warga negara liya.
134
135
136
137
138BAB : 16
139
140
141            1. Priya lan wanita kang wus diwasa kanthi tanpa mawas bangsa, warga negara utawa agama, darbe hak nglakoni ningkah lan mbangun kulawarga. Kabeh nduweni hak kang padha ing babakan neningkahan, ing sajroning alam ningkah lan ing alam pepisahan/pegatan.
142
143
144
145            2. Neningkahan amung bisa dileksanani adhedhasar pilihan bebas lan temen-temen dadi pasarujukane penganten sakeloron.
146
147
148
149            3. Brayat/kulawarga iku sawijining tetunggalan kang alamiyah lan baku ing masyarakat lan anduweni hak pangayoman saka bebrayan (masyarakat) lan nagara.
150
151
152
153
154BAB : 17
155
156
157            1. Saben uwong duwe hak andarbeni bandha, kanthi pribadi utawa bebarengan karo uwong liyane.
158
159
160
161            2. Ora ana uwong siji wae kena dirampas bandhane kanthi sawenang-wenang.
162
163
164
165
166BAB : 18
167Saben uwong darbe hak bebas duwe panemu, kalbu lan agama. Ing babakan iki kalebu hak bebas ganti agama lan kapitayan, lan hak bebas kanggo anekseni agamane utawa kapitayane, kanthi cara anggelar piwulang, nglakoni, laku ibadhah lan setya tuhu ngugemi percayane, kanthi cara pribadi utowo bebarengan karo uwong liyane, ing ngedhengan (ngareping umum) utowo pribadi.
168
169
170
171BAB : 19
172Saben uwong darbe hak ingatase hak bebas mratelakake panemume, kalebu duwe hak bebas darbe panemu tanpo diregoni/diganggu, lan kanggo ngupaya, nampa sarta mratelakake informasi lan pamikiran penemune lumantar media apa wae kanthi tanpa mawas watesing wewengkon laladan.
173
174
175
176BAB : 20
177
178
179            1. Saben uwong nduweni hak ingatase hak bebas ngumpul lan gawe paguyuban tanpa anane rudapeksan.
180
181
182
183            2. Ora ana uwong siji wae kang kena dipeksa lumebu ing sawijining pakumpulan /paguyuban.
184
185
186
187
188BAB : 21
189
190
191            1. Saben uwong nduweni hak cawe-cawe ing kaperluane pamarintah nagarane, kanthi langsung utawa lumantar wakil-wakil kang pinilih kanti bebas.
192
193
194
195            2. Saben uwong darbe hak kang padha kanthi kalodhangan kang padha bisa kawisudha tampa kalungguhan/jawatan pamarintah ing negarane.
196
197
198
199            3. Gegayuhaning rakyat kudu dadi lambaran baku wewenange pamarintah, gegayuhan iki kudu kawujudake kanthi cara anane pamilihan umum kang dianakake ing wektu kang tinamtu lan murni kanthi hak pilih kang umum lan sadrajat, kanthi pungut swara sacara wadi utawa kanthi pranatan liya angger bisa nanggung hak bebas anggone milih.
200
201
202
203
204BAB : 22
205Saben uwong, minangka warganing bebrayan (masyarakat) anduweni hak ingatase jaminan sosial, sarta darbe hak amrih kaleksanane hak-hak ekonomi, sosial lan budaya sing dadi kaperluwan martabate sarta mekaring pribadine kanthi bebas, lumantar rekadaya nasional utawa karya pamitran internasional, condhong marang tata pranatane lan sumber dayaning Nagara.
206
207
208
209BAB : 23
210
211
212            1. Saben uwong anduweni hak pagawean, hak bebas milih pagawean, darbe hak anane syarat-syarat nyambutgawe kanthi adil lan nguwohake kauntungan sarta nduweni hak ingayoman ing kahanane naliko ora nyambutgawe/nganggur.
213
214
215
216            2. Saben uwong kanthi ora kabedak-bedakake, darbe hak ingatase pituwas (opah, asil) kang padha tumrap pagawean kang padha.
217
218
219
220            3. Saben uwong kang nglakoni pagaweyan nduweni hak nampa opah/asil kang adil lan nguntungake/bathi, kang nanggung bisane dadi panguripan kang murwat kanggo dhiri pribadi lan ugo marang kaluwargane, lan manawa ana wigatine katambah ing lindhungan kaperluwan sosial liyane.
221
222
223
224            4. Saben uwong darbe hak nggawa lan ngleboni paguyuban-paguyuban pegawe kanggo ngayomi kaperluane.
225
226
227
228
229BAB : 24
230Saben uwong nduwe hak ngaso lan libur, kelebu pranataning wanci nyambut gawe kang murwat lan dina libur kang pantes kanthi wewaton tumata, lan tetep nampa opah/pituwasing karya.
231
232
233
234BAB : 25
235
236
237            1. Saben uwong nduweni hak bisane urip kanthi murwat, kanggo kasarasan lan katentremane dalasan kulawargane, tan keri ing bab hak pangan, sandhang, papan lan pangopening kasarasan sarta kaperluan sosial sing dadi kabutuhan lan hak oleh tanggungan jaminan nalika ngalami nganggur, nandhang lara, cacat, dadi warondha, nyandak umur tuwa, utawa kahanan liyane kang njalari kacingkrangan, kang nyata ngluwihi daya kekuwatane.
238
239
240
241            2. Poro biyung (ibu) lan bocah-bocah darbe hak oleh pangopen lan bantuan istimewa (mirunggan). Kabeh bocah, kang lair ing sajroning tatanan ningkah utowo sanjabaning tatanan ningkah kudu antuk pangayoman sosial kang padha.
242
243
244
245
246BAB : 26
247
248
249            1. Saben uwong darbe hak oleh panggulowenthah ing pawiyatan kanthi gratis, saora-orane tumrap sekolah/pawiyatan dhasar. Pawiyatan dhasar kawajibake. Sekolah (pawiyatan) tehnik lan jurusan umum kanggo saben uwong kanthi tinarbuka, saben uwong bisa lumebu ing pawiyatan luhur kanthi pranatan kang padha salaras karo murwat lan pantese.
250
251
252
253            2. Panggulowenthah kudu kaenerake amrih saben pribadi biso mekar kanthi omber, biso ndayani saya kandele rasa bisa ngajeni lan ngurmati hak-hak asasi umat manungsa lan kebebasan-kebebasan kang baku. Panggulowenthah ing pawiyatan kudu bisa nenangi lan mekarake rasa tepa salira karo pepadhane, mekaring pamitran, paseduluran ing antarane bangsa-bangsa, bebrayan, ras apadene agama, sarta njalari kudu saya majuning Perserikatan Bangsa-Bangsa sajroning memetri lan nyipto bedhamen/pirukun.
254
255
256
257            3. Para wong tuwa, darbe hak utama sajroning milih pawiyatan papan panggulowenthah kanggo anak-anake.
258
259
260
261
262BAB : 27
263
264
265            1. Saben uwong duwe hak ngrasuk lan ambyur ing kiprahing kabudayan ing sadina-dinane ing bebrayan, ngresepi seni, lan bisa ngrasakake ngalami majuning urip lan paedahing kawruh.
266
267
268
269            2. Saben uwong duwe hak antuk pangayoman anggone kiprah lan makarya ing babagan ngelmu lan kawruh - kang arupa pangayoman marang kauntungan sing awujud moril utawa materiil, uga ing kasusastran utawa seni kang cinipta/asil karyane.
270
271
272
273
274BAB : 28
275Saben uwong darbe hak ingatase pranatan sosial nasional lan internasional, salaras karo hak-hak lan kabebasan-kabebasan kang kamot ing Pranyatan iki bisa kanthi temen maujud.
276
277
278
279BAB : 29
280
281
282            1. Saben uwong nduweni kuwajiban marang bebrayan/masyarakat, kang sanyatane ora ana papan liya kang bisa dadi papan mekaring kapribaden kanthi bebas sarta temen-tumemen.
283
284
285
286            2. Sajroning ngleksanani hak-hak lan kabebasan-kabebasane, saben uwong kudu mbangun miturut marang pranatan kang salaras karo undang-undang (angger-angger), kang isi ancas lan tujuwan sing ora ana liya kajaba mung amrih gumolonging niyat ngugemi lan ngurmati kanthi trep marang hak-hak lan kabebasan-kabebasan uwong liyane, kanggo mujudake syarat-syarat kang adil ing bab kasusilan, tertib tumata lan katentremaning umum, ing bebrayan/masyarakat kang demokratis.
287
288
289
290            3. Hak-hak lan kabebasan-kabebasan kasebut, kanthi alesan lan pawadan apa wae, ora keno dilaksanani nalisir karo ancas lan tujuwan sarta wewaton-wewatoning Perserikatan Bangsa-Bangsa.
291
292
293
294
295BAB : 30
296Ora ana siji wae isi sajroning Pranyatan iki kena katapsir menehi kalodhangan marang sawijining Nagara, paguyuban utawa pribadi, kang awujud hak supaya oleh utawa murihake antuk pakaryan apa wae, utawa nglakoni tumindak kanthi tujuwan ngrusak hak-hak lan kabebasan-kabebasan wujud apa wae kang kapacak ing sajroning Pranyatan iki.
297